Rabu, 05 Januari 2022

KHUTBAH JUM'AT

Bismillah Jum'at Wage 25 Nopember 2016 FUNGSI AGAMA Alhamdulillah... dst Wonten kesempatan ingkang minulya punika sumonggo kita lepas/uculi status profesi kita: petani/pedagang/pegawai dan sebagainya. Ing masjid mriki niki kita sedaya SAMI-SAMI kawulane Gusti Allah, SAMI-SAMI dados ummat Nabi Akhir Zaman lan SAMI-SAMI sedaya pengin melebet suwarga nipun Gusti Allah. Jama'ah Jum'at ingkang minulya... Dalan-dalan tumuju suwarga punika NAMUNG wonten setunggal kemawon, inggih punika agami. Sehingga sinten kemawon ingkang kepingin tumuju suwarga kok lewat dalan saklintune agami, DIJAMIN boten bakal dugi suwarga. Keranten fungsi agamai niki pitutur/nasehat. Nabi Dhawuh: الدين النصيحة قال لمن؟ قال لله ولرسوله ( Agami punika minangka nasehat. Ada yg tanya: Untuk siapa? Dijawab Nabi: Untuk Allah dan Rasulnya...). Ing mriki kita ngeyakini bilih agami punika isinipun nasehat-nasehat/ajak-ajak dhateng kesaenan. Senajan ketingale awrat/abot, wancine enak-enak sare dalu, kita diperintah tahajud; wancine panas-panas sekeca istirahat siang, kita diprentah nglampahi sholat dhuhur lan sapanunggale. Walaupun mekaten ketingale awrat, hananging kita KEDAH BELAJAR YAQIN bilih sedaya perintah agami punika kangge kesaenan/nasehat ipun para manungsa. Justeru saat kita rumaos awrat niku mnawi kita tekat teng mriku pertolongan/hidayah Allah SWT badhe dumugi. QS Ar Rum di ayat terakhir berfirman: والذين جاهدوا فينا لنهدينهم سبلنا وان الله لمع المحسنين Jama'ah Jum'ah..... Semakin kita bersedia bersusah payah kangge nglampahi perintah agami, makin kathah hidayah petunjuk pertolongan saking Gusti Allah ingkang badhe kita tampi. Sak wangsule mnawi kita boten kerso kangelan bersusah payah ingdalem babakan nglampahi perintah agami, makin saya tebih saking petunjuk Gusti Allah. La trus pripun mnawi kita tebih saking pitedah Gusti Allah? Badhe tumut pitedah e sinten maleh?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BERKORBAN DEMI MENGALAHKAN NAFSU

                                                                                                                                            ...