Minggu, 23 Januari 2022

KHUTBAH JUM'AT BABAKAN IMAN Jum'at Wage 3 Feb 2017

Bismillah... Alhamdulillah... dst 
Bilih perkawis ingkang paling penting kangge gesang kita wonten donya niki ugi gesang kita wonten akhirat mangke inggih punika perkawis iman. Senajan: kerja niku penting, prestasi niku penting, dahar ngunjuk inggih penting, refreshing inggih penting, hananging wonten setunggal perkawis ingkang langkung penting malih, ingih punika perkawis iman. Jama'ah Jum'at... Iman ingkang wonten manah punika saged diumpamaaken rasukan/kelambi. ateges saged resik mnawi bakda diumbah lan saged ugi kotor mnawi sampun dangu olehe ngagem. Saged ugi iman punika dados tambah utawi sakwangsule saya suda kualitas ipun. Kanjeng Nabi handhawuhaken:الايمان يريد وينقص Jama'ah Jum'at... Iman kita saged tambah kanthi kita usaha lan usaha selalu dalam ketaatan dhumateng Gusti Allah sen ajan ujian alangan rintangan siap menghadang. Kanjeng Nabi dhawuh: الايمان بضع سبعون شعبة الحياء من الايمان 
Artosipun Iman punika anggadhahi 70 langkung cabangan iman lan rasa isin punika bagian saka cabangan iman. Tingkatan iman ingkang paling inggil inggih punika keyakinan dhateng Gusti Allah, ateges semakin kita yaqin dhateng Gusti Allah berarti tingkatan iman makin nginggil. Sakwangsulan ipun tingkatan iman ingkang paling ngandap inggih nyingkrihaken rereget saking radosan, Menawi teng radosan lagi wonten reget, terus kita gumregah kersa nyingkrihake rereget niku kanthi didasari hadist punika, berarti kita taksih gadhahi iman. 
Jama'ah Jum'at...
Iman saget  suda/berkurang kualitas ipun mnawi kita maksiat agawe dosa dhateng Gusti Allah. Kanjeng Nabi dhawuh: arikalane kita saget hanglampahi amal sholih berarti iman dados tambah & hati kita dados warna makin putih. Sakwangsul e mnawi kita maksiat punika iman dados sudo tur ati tambah ireng utawi peteng. 
Jama'ah Jum'at....
Saat hati kita niki nembe putih, niki indikator kita saged keraos entheng 'amal ibadah taat dhateng Gusti Allah. Awak diajak ngaji qur'an keraos entheng semangat, diajak nglampahi sholat lima waktu inggih keraos entheng kanthi semangat, diajak tahajud enggih entheng, diajak siyam inggih keraos entheng tur semangat. Sakwangsul e mnawi  ati kita niki nembe peteng, dampak ipun kita malas: ngibadah, ngaji, sholat lan sakpanunggalane.
Jama'ah Jum'at...
Mnawi keadaan ati ngoten niki diumbar kemawon ateges boten wonten tindakan  dandosi ati niki saged bebayani. Ujung-ujung e saget ugi su'ul khotimah. Na'uudzu billahi min dzaalik. Supados ati dados putih maleh, kita niki nindakaken taubat. Getuni/kapok kesalahan-kesalahan dosa-dosa kepungkur lan niat boten kepingin baleni maleh kesalahan/dosa kepengker.
Jama'ah Jum'at...
Selajeng  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BERKORBAN DEMI MENGALAHKAN NAFSU

                                                                                                                                            ...